Kanggo kowe Seng Isih Jomblo

Ana 4 perkara seng wis ditulis ning lauhul mahfuz yaiku dina mati, rejeki, urip, lan jodho. Seng tak tulis ning kene babagan Jodho, Urusan jodho iku ngono Gusti wis nyediani lan wis ditentokake. Tugase manungsa mung ngusahaake sak isane lan sak mampune..Wong lanang jodhone wong wadhon , ning yen ana wong lanang seneng wong lanang iku embuh kepiye karepe. Lanang seng urung jangkep lanange.. :D
Nah nek urusan golek Garwa (sigarane nyawa) Gusti wis masrahke awakmu dewe pingin golek sing kepiye.. Mancung irunge, putih kulite, duwur sikile, gedhe bokonge, sugih bandhane, sabar atine… Miliho dewe… Syarate ya mung padha geleme lan oleh restu saka wong tuane. Seng jenenge jodho iku rahasiane Gusti kang Maha Kuwasa, manungsa ngupadi lan Gusti seng maringi Idi. Seng penting kuncine Sabar lan Ikhlas, Sabar ngenteni lan Ikhlas nrima sekabehe kehendake Gusti.
Yen saiki kowe urung oleh pasangan alias isih piyambakan basa gaule JOMBLO ora usah isin lan cilik atimu, seng jenenge jodho yen wis wektune mesti bakal ketemu. Masio mbok goleki tekan ngendi-ngendi yen urung wektune ora bakal dadi. Masio mbok gondeli yen iku dudu jatahmu bakale mlayu. Ora usah iri karo kancamu seng wis rabi , ora usah edan weruh mantan duwe gandengan , lan aja gela yen bribikanmu di pangan kanca... :D :D
Golek garwa iku Ngukur awake dewe luwih kepenak, ora kegedhen pengangkah nanging kurang jangkah. mengko ndak sirahmu rasane semplah.. :)
DONASI VIA PAYPAL
Bantu berikan donasi jika artikelnya dirasa bermanfaat. Donasi akan digunakan untuk memperpanjang domain https://evitrip.blogspot.com/. Terima kasih.
Postingan Lebih Baru
Postingan Lebih Baru
Postingan Lama
Postingan Lama
Komentar