Edan Merga Katresnan

Jenenge wae wong mabuk katresnan , kadang kala seng waras malah dadi edan.
Kartono anake mbokDe Jumilah tanggane kang Paimo. Bocahe menengan , manutan lan ora gembuyakan. Bocahe pinter babagan pertukangan. Lha kok ndilalah dadi edan gegerke uwong sak kecamatan.
Merga ora sido rabi karo wong wedok seng ditresnani. Jane pacarane wis suwi , rong taun punjul telung sasi.
Pacare Kartono rabi karo tangga desa dipekso karo wong tuwane. amerga kartono ora gek ndang nglamar lan bocahe wedok kuwi maeng keburu dadi perawan tuwa.
Sejak ngerti kwi Kartono dadi menengan ora metu saka kamar, ora doyan mangan uripe dadi rakaruan senengane ngguya-ngguyu ning ngisor wit rambutan, yen di takone mung njawab “ora ana harapan, wis rampung urip”.
Isuk_isuk wayahe uwong arep nyang sawah , mbokdhe Jumilah bengak-bengok ngerti kartono Njegur sumur sebelah omah, ribut sak kampung nulungi bocah edan kwi, untunge sumure ora jero mung 2 Meteran.
Seminggu sakwise kuwi kartono gawa tali , niate arep gantung diri ning wit mahoni seng panggone cedak kali. Ndilalah konangan kang Paimo seng arep budal angon sapi. Kartono wurung bunuh diri , malah nyang kang Paimo di adusi ning kali supaya edane keli. ora malah mari , malah tansaya ndadi.
Let sewulan maneh , Kartono seng wis ora kuat narimo kahanan , ngombe baygon sak botol di tenggak sepisan, bar kwi kejet-kejet kayak wong kesurupan… Ndilalah konangan adine mbokDhe Jumilah, banjur digawa menyang puskesmas supaya oleh pertolongan..
Kartono ora sido mati malah nyusahne uwong ning lingkungane..
Ya ngono kwi lur yen urung wayae mati, urung tekan ajale. Arep kepiye carane isih bisa dislametke, ning yen wis wancine arep ndelik ning kamare randha tetep bakal ilang nyawane.
Semana uga seng jenenge jodho , masio lehmu pacaran 10 taun yen kuwi dudu jodhomu ora bakalan bisa dadi. Nanging yen wis dadi jodhone , mesti eneng wae dalane.
DONASI VIA PAYPAL
Bantu berikan donasi jika artikelnya dirasa bermanfaat. Donasi akan digunakan untuk memperpanjang domain https://evitrip.blogspot.com/. Terima kasih.
Postingan Lebih Baru
Postingan Lebih Baru
Postingan Lama
Postingan Lama
Komentar