Wong Lanang Kudu Wani Kandha tresna
Yen sampeyan lanang kudune wani ngomongne apa seng ana ning atimu , aja mung meneng wae kayak wong lara untu seminggu. Ora usah isin merga rupa lan urung duwe bandha, percaya wae ora kabeh wanita kuwi edan bandha lan rupa. Nanging jaman saiki akeh wong wedok edan bandha :D :D .
Piye carane ditembung wae , ditolak apa ditrima kuwi wis dadi resikone.
Aja mung bisa nembang ora bisa nyuling , bisa nyawang ora bisa nyanding.
Yen ditrima sampeyan kudune bisa setya lan gawe dekne bagya, ora malah gawe atine lara.
Yen ditolak kudune bisa legawa lan aja ngresula, apa maneh ngasi ora madang pirang-pirang dina.
Ora salah kok ngomong tresna nyang uwong seng mbok tresnani , seng salah kuwi yen sampeyan ngomong tresna ning ngarepe bojone uwong. Kuwi genah salah tenan :D :D :p
Intine sampeyan kudu wani , ora usah isin lan wedi. Seng jenenge jodho ora eneng uwong seng ngerti.
Yen dekne jodhomu mesti bakal dibukakne dalan karo Gusti.
Nanging yen dudu jodhomu sampeyan bakale oleh ganti..
Seng penting aja prustasi yen golek calon Istri :D
*Selamat Berjuang Para Pencari Cinta :D :D :D
DONASI VIA PAYPAL
Bantu berikan donasi jika artikelnya dirasa bermanfaat. Donasi akan digunakan untuk memperpanjang domain https://evitrip.blogspot.com/. Terima kasih.
Postingan Lebih Baru
Postingan Lebih Baru
Postingan Lama
Postingan Lama
Komentar